Nella Kharisma - Bojo Simpenan

Nella Kharisma - Bojo Simpenan

Lirik:
Pr:
Neng ngisor sorot rembulan ing wengi iki,
Tak gantungke tresnoku kang tulus suci..
Senajan aku dudu kang nomer siji,
Roso keukir sak jerone ati..

Lk:
sampun lembah manah anggonku tresnoku ro kowe,
susah seneng sik tak rasakke embuh piye akhire,
ngalah adi welas asih andum ati kroso gerih,
andap asor ngampet tangis tresno iki ora pamrih..

Sumilir angin segoro nggugah atiku,
Karang gedhe neng tengah laut nguatke aku..
Tansah tak gujeng kenceng ra bakal tak uculke,
Amargo sucining tresnaku namung kanggo kowe..

Pr:
Isih eluh kang netes,
Sing dadi seksi loro lan cidro..
Nanging gedhe asmoro,
Tetep ora bakal aku lungo..

Madhep mantep tresno,
Mung kanggo sliramu kangmas,
Ra bakal biso pindah ing ati liyo..
Senajan aku mung bojo simpenanmu,
Nanging atiku ora bakal mlayu..

Lk:
tak sungging esemanku saben ketemu sliramu,
tak suntak kabeh isi kang ono neng atiku,
aku ngerti ora gampang yen dadi bojo simpenan,
namung pasrah lan mugi gusti paringi dalan..

Ora peduli sepiro anggonku ngenteni,
Sewu wulan sewu taun bakal tak larungi..
Mergo sampean kadhung urip ono neng ati,
Roso tetep jumeneng nggo kowe tekanku mati..

Pr:
Isih eluh kang netes,
Sing dadi seksi loro lan cidro..
Nanging gedhe asmoro,
Tetep ora bakal aku lungo..

Madhep mantep tresno,
Mung kanggo sliramu kangmas,
Ra bakal biso pindah ing ati liyo..
Senajan aku mung bojo simpenanmu,
Nanging atiku ora bakal mlayu..

Lk:
Aku ngerti tresnomu mung kanggo awakku nimas,
Nanging ati iki wis ono sing nduweni..
Sabarno atimu kuatno batinmu,
Yen pancen jodoh ora bakal mlayu..

Pr:
Madhep mantep tresno,
Mung kanggo sliramu kangmas,
Ra bakal biso pindah ing ati liyo..
Senajan aku mung bojo simpenanmu,

Nanging atiku ora bakal mlayu..

Comments

Popular posts from this blog

Nella Kharisma - Suket Teki

Via Vallen - Kimcil Kepolen

Tasya Rosmala - Ketika Cinta Bertahta